Ahzaa.Net: Soal Bahasa Jawa
Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato .

Photo by David Iskander on Unsplash

Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato terdiri dari 30 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.


Bab 1 ini membahas tentang pidhato. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato 

1. Njlentrehake idhe utawa gagasan awujud tembung- tembung ing sangarepe wong akeh lan kanthi ancas tartamtu iku kasebut ....
a. karangan 
b. puisi 
c. pidhato 
d. drama 


2. Pidhato uga kasebut ....
a. pranatacara 
b. medhar sabda 
c. geguritan 
d. parikan 


3. Wong kang nindhaake pidhato diarani ....
a. panganggit 
b. pamedhar sabda 
c. pranatacara
d. pambiwara 


4. Tuladhane pidhato kang naliko rampung banjur menehi waktu marang pamiyarso lan pamireng supaya paring tanggapan yaiku ....
a. wara- wara 
b. khotbah 
c. rapat 
d. ceramah 


5. Tuladhane pidhato kang naliko rampung menehi sesuluh banjur ora menehi waktu marang pamiyarso lan pamireng supaya paring tanggapan yaiku ....
a. dhiskusi 
b. rapat 
c. ceramah 
d. kerja kelompok 


6. Pidhato resmi kui ditindakake ing kahanan kang ....
a. setengah resmi 
b. santai 
c. ora resmi 
d. resmi 


7. Pidhato kanggo kahanan kang asipat setengah resmi diarani ....
a. pidhato resmi 
b. pidhato setengah resmi 
c. pidhato ora resmi 
d. pidhato formal 


8. Pidhato ing kegiatan karang taruna iku kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. ora formal 


9. Pidhato Presiden ana ing peringatan hari kemerdekaan Indonesia kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. ora formal 


10. Pidhato kang bisa ditindakake tanpa naskah lan diselingi nganggo geguyon yaiku kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. formal 


11. Ing ngisor iki kang ora klebu ancas pidhato yaiku ....
a. menehi informasi 
b. menehi atur pambagyo 
c. sarana hiburan 
d. sarana ngisi wektu lodhang 


12. Pidhato ing acara sukuran lan tanggap warsa iku klebu jinise pidhato kanggo ....
a. menehi hiburan 
b. menehi informasi 
c. menehi atur pambagyo
d. sarana pangajak 


13. Tuladha pidhato kang nduweni ancas menehi informasi yaiku ....
a. pidhato ing sangarepe korban banjir 
b. pidhato tanggap warsa 
c. pidhato kampanye 
d. pidhato lapuran kegiatan 


14. Tuladha pidhato kang nduweni ancas mbujuk utawa pangajak yaiku ....
a. pidhato ing sangarepe korban banjir 
b. pidhato tanggap warsa 
c. pidhato kampanye 
d. pidhato lapuran kegiatan 


15. Struktur pidhato kang isine awujud salam pambuka, atur pakurmatan, lan puji sukur dumateng Gusti Allah yaiku ....
a. purwaka 
b. surasa 
c. wasana 
d. panutup 


16. Perangan kang ngandharake uluk salam miturut kahanan lan kapitayan utawa agama ing bagian pambuka diarani ....
a. pakurmatan 
b. salam pambuka 
c. atur puji marang gusti 
d. penutup 


17. Ing ngisor iki kang klebu tuladha salam pambuka yaiku ....
a. assalamualaikum wr wb 
b. salam sejahtera kangge kita sedaya 
c. sugeng enjing 
d. a,b,c bener 


18. Atur pakurmatan ing pidhato kui luwih becik  ....
a. diurutake pawongan kang nduweni pangkat luwih ngisor dhisik 
b. diurutake pawongan kang nduweni pangkat luwih dhuwur dhisik 
c. ora diurutake 
d. kanggo awake dewe dhisik 


19. Inti sari saka apa sing arep diandharake  ana ing struktur pidhato ....
a. purwaka 
b. surasa 
c. wasana 
d. panutup 


20. Sepisan malih, kebersihan sekolah niku tanggung jawabipun sedaya warga sekolah. ....
Ukara kasebut ing dhuwur klebu bagian panutup ....
a. dudutan 
b. pangarep- arep 
c. salam panutup 
d. wusana 


21. Mugi- mugi kagiyatan punika saget anggadhahi mupangat kagem warga khususipun RT.11 RW 02 ....
Pretelan pidhato ing dhuwur iku klebu perangan .... 
a. dudutan 
b. pangarep- arep 
c. salam panutup 
d. wusana 


22. Sakdurunge gawe pidhato, bab pertama kang kudu digatekake yaiku ....
a. irah- irahan 
b. nemtokake ancase sesorah 
c. nemtokake tema 
d. ngumpulake bahan pidhato 


23. Cara pidhato kang ora nganggo persiapan utawa ora direng- reng anggone arep maca sesorah luwih dhisik diarani ....
a. metode apalan 
b. metode impromptu 
c. metode naskah 
d. metode ekstemporer 


24. Pidhato kanthi cara ngapalake isine teks pidhato kang  wis direngreng sakdurunge  diarani metode ....
a. apalan 
b. impromptu 
c. naskah 
d. ekstemporer  


25. Metode pidhato kanthi maca isine naskah kang wis direngreng sakdurunge diarani ....
a. apalan 
b. impromptu 
c. naskah 
d. ekstemporer 


26. Metode pidhato kanthi gawa cathethan babagan kang wigati utawa penting  saka isine pidhato diarani ....
a. metode apalan 
b. metode impromptu 
c. metode naskah 
d. metode ekstemporer 


27. Supaya kabeh pamiyarsa bisa krungu, swara nalika pidhato kudu ....
a. nggetak 
b. galak 
c. sora 
d. rindik 


28. Subasita klebu bab kang digatekake nalika pidhato. Subasita yaiku ....
a. swara anggene nyampeake pidhato 
b. busana kang dienggo 
c. solah bawa lan carane omongan 
d. basa lan sastra


29. Ing ngisor ini kang klebu sikep nalika pidhato, kejaba ....
a. jumenenge jejeg nanging ora kaku
b. sikil mbegagah
c. ora ndingkluk utawa ndhangak 
d. pandhangan ngadep pamiyarso 


30. Basa anggone nindakake pidhato kuwi kudu ....
a. dakik- dakik 
b. nggawa tetembungan kang ora dimangerteni wong akeh 
c. gampang ditampa 
d. angel dipahami

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi.

Photo by Jonas Jacobsson on Unsplas

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi terdiri dari 20 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.

Buat teman- teman yang ingin belajar per bab, dapat melihat pada tulisan sebelumnya untuk latihan soal bab 1 geguritan dan bab 2 cerita wayang. 


Bab 3 ini membahas tentang karangan tradhisi. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi 

1. Karangan ilmiah kang dikembangke adhedhasar aturan- aturan penulisan lan basa, kaya dene kahanan ing masyarakat saben dina, masalah disiplin ilmu tartamtu lan liya- liyane wigatine pamaos dinyatakake kanthi khusus iku diarani ....
a. teks sastra 
b. teks non sastra 
c. teks fiksi 
d. teks sastra lawas 


2. Karangan non ilmiah sing dikembangke kanthi bebas lan nduweni pesen dening pengarang marang pamaose diarani ....
a. teks sastra 
b. teks non-sastra 
c. teks drama 
d. teks dongeng 


3. Ing ngisor iki kalebu conto sastra lawas yaiku ....
a. hikayat 
b. prosa 
c. novel 
d. drama 


4. Ing ngisor iki kang kalebu conto sastra modern yaiku ....
a. dongeng 
b. pantun 
c. parikan 
d. prosa 


5. Jenis tulisan kang asale saka gagasan penyerat kang disampekake liwat tulisan diarani ....
a. jurnal 
b. esai 
c. biografi 
d. artikel 


6. Kumpulan sawetara saka artikel banjur digawe wujud buku diarani ....
a. artikel 
b. biografi 
c. esai 
d. jurnal 


7. Jenis tulisan prosa sing rembagan sedhela babagan masalah saka sudhut pandang penulis diarani ....
a. jurnal 
b. artikel 
c. esai 
d. biografi 


8. Jenise tulisan kang nyritakake narasi saka pahlawan utawa paraga kang gedhe pengaruhe ing masane kaya tokoh politik, ilmuwan, tokoh ekonomi, budaya iku diarani ....
a. jurnal 
b. artikel 
c. esai 
d. biografi 


9. Tradhisi ing kutha Semarang kang diwiwiti sakdurunge wulan pasa iku diarani .....
a. Tradhisi Sekaten 
b. Tradhisi Dugderan 
c. Tradisi Meugang
d. Tradisi Balimau 


10. Ing tradisi Meugang, masayarakat nyembelih kebo siji lan daginge dipangan nalika ngarepake pasa. Tradisi Meugang asale saka ....
a. Sumatra Barat 
b. Aceh 
c. Sumatra Utara 
d. Jawa Tengah 


11. Masyarakat Sumatra Barat mapag tekane wulan Ramadhan kanthi adus kramas kang nglambangake reresik awak sakdurunge wiwit nindakake pasa. Tradhisi iku diarani ....
a. Meugang 
b. Dugderan 
c. Sekaten 
d. Balimau 


12. Ing ngisor iki kalebu ciri - ciri karangan ilmiah, kajaba ....
a. ana aturan baku 
b. ana syarat- syarat khusus  ing nulis metode lan basa
c. isine ilmiah
d. ora kaiket dening aturan baku 


13. Karangan ditulis kanthi gaya sante nanging isine ilmiah. Karangan iku kalebu ....
a. karangan ilmiah 
b. karangan semi ilmiah 
c. karangan non-ilmiah 
d. karangan baku 


14. Karangan ditulis kanthi ora kaiket dening aturan kang baku lan bebas. Karangan iku kalebu jenis ....
a. karangan ilmiah 
b. karangan semi ilmiah 
c. karangan non- ilmiah 
d. karangan baku 


15. Dongeng fabel iku paragane ....
a. manungsa 
b. wit- witan 
c. kewan 
d. benda mati 


Artikel ing ngisor iki kanggo soal nomor 16 - 20
Sekaten minangka salah sawijining tradisi budaya Jawa sing diadani saben taun kanggo memperingati kelahiran Nabi Muhammad SAW. Tradisi iki biasane diayahi ing Keraton Yogyakarta lan Surakarta, lan nduweni makna spiritual lan budaya sing jero kanggo masyarakat Jawa.

Asal-usule Sekaten iki ora lepas saka upaya Wali Songo kanggo nyebarake agama Islam ing Jawa. Salah sawijining tokoh penting yaiku Sunan Kalijaga, sing nggandhengake musik gamelan karo syiar Islam. Gamelan kang dimainkan nalika Sekaten ngandhut simbol harmoni lan panggilan kanggo manungsa supaya nyedhak marang Gusti Allah.

Sekaten biasane diwiwiti karo upacara Miyos Gangsa, yaiku nalika gamelan Sekati (kaping loro, Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari) ditabuh ing pagelaran Keraton. Warga sing teka bisa nyumurupi swara gamelan lan ndedonga kanggo kesejahteraan lan berkah.

Salah sawijining acara sing paling ditunggu yaiku Grebeg Maulud, upacara arak-arakan gunungan saka Keraton sing disedekahake kanggo masyarakat. Gunungan iki nggambarake rasa syukur lan simbol panen sing melimpah. Warga percaya yen entuk bagean saka gunungan iki bakal nggawa berkah lan rejeki.

Tradisi Sekaten ora mung minangka upacara religius, nanging uga minangka perayaan budaya lan identitas Jawa, sing isih lestari nganti saiki.

16. Tradhisi Sekaten iku tradhisi kang dilaksanaake kanggo  ....
a. mengeti kelahiran bayi 
b. mengeti kelahiran Nabi Muhammad Saw 
c. ngresiki awak ngadepi wulan pasa 
d. ngadepi Idul Fitri 


17. Tradhisi Sekaten iku biasane diayahi ana ing ....
a. Kraton Surakarta lan Kraton Cirebon
b. Kraton Cirebon lan Kraton Yogyakarta
c. Kraton Cirebon lan Banten  
d. Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta 


18. Tradhisi Sekaten iku ora lepas saka tokoh wali sanga panyebar agama Islam ing tanah Jawa yaiku ....
a. Sunan Prawata 
b. Sultan Agung 
c. Sunan Kalijaga 
d. Raden Patah 


19. Upacara Miyos Gangsa ing Sekaten yaiku wiwitan tradhisi Sekaten. Upacara kui ditandai ....
a. arak- arakan gunungan saka kraton 
b. gamelan Sekati ditabuh 
c. pawai pusaka 
d. jamasan pusaka keraton 


20. Grebeg Maulud yaiku upacara arak- arakan gunungan saka keraton seing disedehakae kanggo masyaarakat. Gunungan iku nyimbolake ....
a. kemajuan zaman 
b. rasa syukur warga masyarakat lan simbol panen sing melimpah
c. kepatuhan karo raja 
d. kejujuran sikap warga 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 2 Cerita Wayang

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 2 Cerita Wayang

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 2 Cerita Wayang .

sumber : https://jendela.kemdikbud.go.id/

Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 2 Cerita Wayang terdiri dari 25 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.


Bab 2 ini membahas tentang wayang. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 2 Cerita Wayang 

1. Wayang sing digawe saka walulang iku diarani ....
a. wayang wong 
b. wayang kulit 
c. wayang beber 
d. wayang gedhog 


2. Kitab sing nyritaake Rahwana yaiku ....
a. Ramayana 
b. Pararton 
c. Mahabarata 
d. Sutasoma 


3. Cacahe Pandhawa iku ana ....
a. 1
b. 5 
c. 10 
d. 100 


4. Rama lan Shinta iku dicritakake ana ing kitab ....
a. Ramayana 
b. Pararton 
c. Mahabarata 
d. Sutasoma 


5. Perang Kurusetra iku dicritakake ana ing kitab ....
a. Ramayana 
b. Arjunawiwaha 
c. Mahabarata 
d. Pararton 


6. Raden Werkudara iku satriya ing ....
a. Ngastina 
b. Ngamarta 
c. mandaraka 
d. Jodipati 


7. Dasanamane Rahwana yaiku ....
a. Parta Tanaya 
b. Ismaya 
c. Nayanara 
d. Dasamuka 


8. Raden Arjuna iku putrane ....
a. Prabu Pandhu 
b. Abimanyu 
c. Prabu Kresna 
d. Duryudana 


9. Ing ngisor iki kalebu watake arjuna, kejaba ....
a. prigel ing samubarang 
b. digdaya 
c. seneng tetulung 
d. drengki marang liyan 


10. Arjuna kui satriya ing ....
a. Ngastina 
b. Ngamarta 
c. Madukara
d. Jodipati


11. Prabu Puntadewa iku ratu ing ....
a. Ngastina 
b. Ngamarta 
c. Jodipati 
d. Madukara 


12. Garwane Prabu Puntadewa yaiku ....
a. Dewi Kunthi 
b. Dewi Drupadi 
c. Dewi Amba 
d. Dewi Sinta 


13. Prabu Puntadewa duwe watak apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparengake. Watak sing kasebut yaiku ....
a. brangasan 
b. galak 
c. lila donya lila ing pati 
d. seneng goroh 


14. Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludiraning seta, yaiku ....
a. uripe seneng ngapusi 
b. uripe seneng perang 
c. uripe suci 
d. uripe ora ngati- ati


15. Cacahe kurawa yaiku ....
a. 5 
b. 10 
c. 15 
d. 100 


16. raden Gatutkaca iku satriya ing ....
a. Jidhipati 
b. Pringgodani 
c. Ngastina 
d. Madukara 


17. Semar Mbangun Kayangan iku kalebu lakon ....
a. ludruk 
b. kethoprak 
c. sandiwara 
d. wayang 


18. Semar, Gareng, Petrk, Bagong iku diarani ....
a. Kurawa 
b. Pandhawa 
c. Barata 
d. Punakawan 


19. Satriya panengahing Pandhawa yaiku ....
a. Nakula 
b. Puntadewa 
c. Arjuna 
d. Sadewa 


20. Dasanamane Semar yaiku ....
a. Dasamuka 
b. Ismoyo 
c. Gudhokumara 
d. Kapiwara 


21. Wong sing pagaweane nglakokae wayang diarani ....
a. niyaga 
b. dhalang 
c. sindhen 
d. pangrawit 


22. Wong sing dadi tukang nabuh gamelan arane ....
a. dhalang 
b. niyaga 
c. sindhen 
d. pelawak 


23. Wong kang gaweane nembang mbarengi gamelan arane ....
a. dhalang 
b. niyaga 
c. sindhen 
d. pelawak 


24. Alat musik sing ngiringi pertunjukan wayang kulit arane ....
a. cempurit 
b. blencong 
c. gamelan 
d. kelir


25. Lampu ing dhuwure dhalang arane ....
a. cempurit 
b. blencong 
c. gamelan 
d. kelir


Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Geguritan

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Geguritan

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Geguritan .

Gambar oleh Kranich17 dari Pixabay

Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Geguritan terdiri dari 20 soal isian lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.

Bab 1 ini membahas tentang geguritan, jenis geguritan, purwakanthi dan maknanya. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Geguritan

1. Puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu sinebut ....
a. cerita cekak 
b. novel 
c. geguritan 
d. sastra


2. Wong sing ngarang geguritan iku kasebut ....
a. empu 
b. dhalang 
c. pujangga 
d. lakon 


3. Pralambang ing geguritan iku dianggep koyo dene ....
a. suasana 
b. irama 
c. pasemon 
d. diksi 


4. Sikap batin panganggit sing arep diekspresiake marang pamaca sinebut ....
a. diksi 
b. nada 
c. irama 
d. ritme 


5. Kanggo ngasilake tembung kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Pilihan tembung iku uga diarani ....
a. irama 
b. diksi 
c. nada 
d. suasana 


6. Tetembungan kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge iku sinebut ....
a. diksi 
b. purwakanthi 
c. nada 
d. suasana 


7. Proses owah - owah saka wujud geguritan didadeake wujud gancaran utawa paragraf diarani ....
a. irama 
b. diksi 
c. parafrase 
d. tema 


8. Cacahing larik saben pada diarani ....
a. tema 
b. wanda 
c. irama 
d. bait 


9. Jenis geguritan kang isine rong larik iku diarani ....
a. bebasan 
b. entar 
c. paribasan 
d. saloka 


10. Geguritan nganggo paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada utawa bait uga cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara iku tergolong geguritan ....
a. revisi 
b. tradisional 
c. anyar 
d. modern 


11. Ing ngisor iki kang kalebu geguritan tradisional yaiku ....
a. parikan 
b. wangsalan 
c. tembang macapat 
d. a, b, c bener 


12. Ing ngisor iki kalebu ciri- ciri geguritan modhern, kejaba ....
a. saben larik ora ditamtokake cacahe wanda 
b. saben bait ora ditenmokake cacahe larik
c. ora ditamtokake dhongdhinge swara 
d. nganggo paugeran tartamtu kaya cacahing larik, cacahing wanda uga dhongdhinge swara


13. Wirama kalebu perangan sing kudu digatekake nalika maca geguritan. Nalika maca geguritan kang surasane semangat, kudu nyuwara ....
a. alus 
b. alus 
c. alon 
d. sora 


14. Anggone maca geguritan kudu ngtrapake karo isine geguritan. Perangan kang digatekake yaiku ....
a. wiraga 
b. wirasa 
c. wirama 
d. wicara 


15. Wiraga ing maca geguritan yaiku ....
a. rasaning swasana ati 
b. pocapan 
c. obahing awak 
d. irama 


16. Yen gelem obah bakal mamah iku kalebu purwakanthi ....
a. lumaksita 
b. guru swara 
c. guru sastra 
d. guru basa 


17. Purwakanthi kang runtut swarane iku sinebut ....
a. purwakanthi guru swara 
b. purwakanthi guru sastra 
c. purwakanthi guru basa 
d. purwakanthi lumaksita 


18. Purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane iku sinebut ....
a. purwakanthi guru swara 
b. purwakanthi guru sastra 
c. purwakanthi guru basa 
d. purwakanthi lumaksita 


19. Sing sapa saleh bakale saleh iku kalebu tuladha purwakanthi ....
a. lumaksita 
b. guru swara 
c. guru sastra 
d. guru basa 


20. Purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake diarani ....
a. purwakanthi guru swara 
b. purwakanthi guru sastra 
c. purwakanthi guru gatra 
d. purwakanthi lumaksita




Formulir Kontak