9/09/2024

Latihan Soal Asesmen Sumatif Tengah Semester (STS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Tengah Semester (STS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka .

Photo by Ave Calvar on Unsplash

Latihan Soal Asesmen Sumatif Tengah Semester (STS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka terdiri dari 20 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.

Buat teman- teman yang ingin belajar per bab, dapat melihat pada tulisan sebelumnya untuk latihan soal bab 1 geguritan dan bab 2 cerita wayang. 


Bab 2 ini membahas tentang wayang. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Tengah Semester (STS) Ganjil Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka

Geguritan ing ngisor iki kanggo soal nomor 1 - 5
Sekolah resik panggonan sinau,
Lembaran putih tansah sumringah.
Meja lan kursi resik tanpa debu,
Ati seneng, pikiran bungah.

Saputangan angin nggawa wangi,
Ruang kelas ngrembuyung cahya.
Sampah disingkirake, ora dibuwang sembarangan,
Lingkungan ayem, njalari seneng lan tentrem.

Saben bocah duwe tanggung jawab,
Nggawa resik, ngajeni papan.
Kebersihan iku cermin kawicaksanan,
Sinau luwih lega, pikir dadi terang.

Ora mung ruangane kang diresiki,
Nanging ati lan laku sing kudu dijaga.
Sekolah kang resik, urip dadi apik,
Cahya masa depan bakal sumunar terang.

1. Judul geguritan ing dhuwur kang trep yaiku ....
a. Sregep Sinau
b. Bekti Marang Wong Tuwo 
c. Kebersihan Sekolahku
d. Apik Marang liyan


2. Miturut geguritan ing dhuwur, sekolah resik kuwi ndadekake ....
a. ati seneng 
b. pikiran sumpek 
c. lingkungan peteng
d. sinau luwih sempit 


3. Kanggo nggawe lingkungan bersih, sampah kudu dibuwang ....
a. sembarangan 
b. ing laci 
c. ing tempat sampah 
d. ing selokan sekolah 


4. Ngresiki papan panggonan ana ing sekolahan kuwi tanggung jawabe ....
a. bocah sekolah 
b. wong tuwo 
c. kepala sekolah 
d. petugas kebersihan


5. Papan kang resik marakke sinau luwih lega lan pikiran dadi terang amarga kebersihan iku cermin ....
a. ketentraman
b. kawicaksanaan 
c. keluhuran 
d. kesenengan 


6. Pilihan tembung ing geguritan diarani ....
a. parafrase 
b. diksi 
c. gagasan 
d. larik


7. Wong sing nggawe geguritan arane ....
a. penyanyi 
b. lakon 
c. dhalang 
d. panganggit 


8. Ing ngisor iki kalebu tuladha purwakanthi guru swara yaiku ....
a. anak polah bapa kepradhah 
b. sing sapa salah bakale seleh 
c. sluman slumun slamet 
d. garang nanging garing 


9. Ing ngisor iki kalebu tuladha purwakanthi guru sastra yaiku ....
a. dhasare wong jejodonan yaiku bobot bibit bebet
b. watake kudu gemi, nastiti, lan ngati- ati 
c. yen gelem obah bakal mamah 
d. ana catur mangkur, ana bapa nyimpang 


10. Anak ayam arane ....
a. kroto 
b. kuthuk 
c. piyik 
d. bledug 


11. Wayang purwa iku wayang kang digawe saka ....
a. kayu 
b. pring 
c. kulit 
d. suket 


12. Omong- omong antarane wong sing wis kakancan akrab biasane nggunakake ....
a. ngoko alus 
b. ngoko lugu 
c. kromo lugu 
d. kromo alus 


13. Omong- omongan antarane wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni biasane nggunakake ....
a. ngoko alus 
b. ngoko lugu 
c. kromo lugu 
d. kromo alus 


14. Ing ngisor iki tuladhane krama lugu yaiku ....
a. Mangga pinarak, panjenengan sampun ditengga bapak kepala sekolah.
b. Bu, kulo badhe nyuwun arta kangge tumbas buku. 
c. Bapak kundure mangkeh jam sekawan. 
d. Lisa ora mlebu sekolah amarga lara untu. 


15. Bapak lan ibu sampun tindhak dhateng Malang kala wingi. Ukara kuwi termasuk conto basa ....
a. krama lugu 
b. krama alus 
c. ngoko lugu 
d. ngoko alus 


16. Jalwestri iku saka tembung jaler + estri kang tegese ....
a. lanang- lanang 
b. lanang wadon 
c. wadon- wadon 
d. wadon wadon lanang


17. Dasanamane prabu Yudhistira yaiku ....
a. Nayanara 
b. Premadi 
c. Puntadewa 
d. Ismaya 


18. Anake Arjuna lan Dewi Dresanala yaiku ....
a. Bayu Suta 
b. Wisanggeni 
c. Padmanaba 
d. Purbaya 


19. Panah Pasopati iku pusakane ....
a. Abimanyu 
b. Prabu Kresna 
c. Arjuna 
d. Puntadewa 


20. Tembung purwa iku tegese .... 
a. mburi 
b. ngarep 
c. tengah 
d. pinggir 

No comments:

Post a Comment