9/11/2024

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato .

Photo by David Iskander on Unsplash

Asesmen Sumatif Harian (Penilaian Harian) Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato terdiri dari 30 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.


Bab 1 ini membahas tentang pidhato. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 1 Pidhato 

1. Njlentrehake idhe utawa gagasan awujud tembung- tembung ing sangarepe wong akeh lan kanthi ancas tartamtu iku kasebut ....
a. karangan 
b. puisi 
c. pidhato 
d. drama 


2. Pidhato uga kasebut ....
a. pranatacara 
b. medhar sabda 
c. geguritan 
d. parikan 


3. Wong kang nindhaake pidhato diarani ....
a. panganggit 
b. pamedhar sabda 
c. pranatacara
d. pambiwara 


4. Tuladhane pidhato kang naliko rampung banjur menehi waktu marang pamiyarso lan pamireng supaya paring tanggapan yaiku ....
a. wara- wara 
b. khotbah 
c. rapat 
d. ceramah 


5. Tuladhane pidhato kang naliko rampung menehi sesuluh banjur ora menehi waktu marang pamiyarso lan pamireng supaya paring tanggapan yaiku ....
a. dhiskusi 
b. rapat 
c. ceramah 
d. kerja kelompok 


6. Pidhato resmi kui ditindakake ing kahanan kang ....
a. setengah resmi 
b. santai 
c. ora resmi 
d. resmi 


7. Pidhato kanggo kahanan kang asipat setengah resmi diarani ....
a. pidhato resmi 
b. pidhato setengah resmi 
c. pidhato ora resmi 
d. pidhato formal 


8. Pidhato ing kegiatan karang taruna iku kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. ora formal 


9. Pidhato Presiden ana ing peringatan hari kemerdekaan Indonesia kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. ora formal 


10. Pidhato kang bisa ditindakake tanpa naskah lan diselingi nganggo geguyon yaiku kalebu jinis pidhato ....
a. resmi 
b. setengah resmi 
c. ora resmi 
d. formal 


11. Ing ngisor iki kang ora klebu ancas pidhato yaiku ....
a. menehi informasi 
b. menehi atur pambagyo 
c. sarana hiburan 
d. sarana ngisi wektu lodhang 


12. Pidhato ing acara sukuran lan tanggap warsa iku klebu jinise pidhato kanggo ....
a. menehi hiburan 
b. menehi informasi 
c. menehi atur pambagyo
d. sarana pangajak 


13. Tuladha pidhato kang nduweni ancas menehi informasi yaiku ....
a. pidhato ing sangarepe korban banjir 
b. pidhato tanggap warsa 
c. pidhato kampanye 
d. pidhato lapuran kegiatan 


14. Tuladha pidhato kang nduweni ancas mbujuk utawa pangajak yaiku ....
a. pidhato ing sangarepe korban banjir 
b. pidhato tanggap warsa 
c. pidhato kampanye 
d. pidhato lapuran kegiatan 


15. Struktur pidhato kang isine awujud salam pambuka, atur pakurmatan, lan puji sukur dumateng Gusti Allah yaiku ....
a. purwaka 
b. surasa 
c. wasana 
d. panutup 


16. Perangan kang ngandharake uluk salam miturut kahanan lan kapitayan utawa agama ing bagian pambuka diarani ....
a. pakurmatan 
b. salam pambuka 
c. atur puji marang gusti 
d. penutup 


17. Ing ngisor iki kang klebu tuladha salam pambuka yaiku ....
a. assalamualaikum wr wb 
b. salam sejahtera kangge kita sedaya 
c. sugeng enjing 
d. a,b,c bener 


18. Atur pakurmatan ing pidhato kui luwih becik  ....
a. diurutake pawongan kang nduweni pangkat luwih ngisor dhisik 
b. diurutake pawongan kang nduweni pangkat luwih dhuwur dhisik 
c. ora diurutake 
d. kanggo awake dewe dhisik 


19. Inti sari saka apa sing arep diandharake  ana ing struktur pidhato ....
a. purwaka 
b. surasa 
c. wasana 
d. panutup 


20. Sepisan malih, kebersihan sekolah niku tanggung jawabipun sedaya warga sekolah. ....
Ukara kasebut ing dhuwur klebu bagian panutup ....
a. dudutan 
b. pangarep- arep 
c. salam panutup 
d. wusana 


21. Mugi- mugi kagiyatan punika saget anggadhahi mupangat kagem warga khususipun RT.11 RW 02 ....
Pretelan pidhato ing dhuwur iku klebu perangan .... 
a. dudutan 
b. pangarep- arep 
c. salam panutup 
d. wusana 


22. Sakdurunge gawe pidhato, bab pertama kang kudu digatekake yaiku ....
a. irah- irahan 
b. nemtokake ancase sesorah 
c. nemtokake tema 
d. ngumpulake bahan pidhato 


23. Cara pidhato kang ora nganggo persiapan utawa ora direng- reng anggone arep maca sesorah luwih dhisik diarani ....
a. metode apalan 
b. metode impromptu 
c. metode naskah 
d. metode ekstemporer 


24. Pidhato kanthi cara ngapalake isine teks pidhato kang  wis direngreng sakdurunge  diarani metode ....
a. apalan 
b. impromptu 
c. naskah 
d. ekstemporer  


25. Metode pidhato kanthi maca isine naskah kang wis direngreng sakdurunge diarani ....
a. apalan 
b. impromptu 
c. naskah 
d. ekstemporer 


26. Metode pidhato kanthi gawa cathethan babagan kang wigati utawa penting  saka isine pidhato diarani ....
a. metode apalan 
b. metode impromptu 
c. metode naskah 
d. metode ekstemporer 


27. Supaya kabeh pamiyarsa bisa krungu, swara nalika pidhato kudu ....
a. nggetak 
b. galak 
c. sora 
d. rindik 


28. Subasita klebu bab kang digatekake nalika pidhato. Subasita yaiku ....
a. swara anggene nyampeake pidhato 
b. busana kang dienggo 
c. solah bawa lan carane omongan 
d. basa lan sastra


29. Ing ngisor ini kang klebu sikep nalika pidhato, kejaba ....
a. jumenenge jejeg nanging ora kaku
b. sikil mbegagah
c. ora ndingkluk utawa ndhangak 
d. pandhangan ngadep pamiyarso 


30. Basa anggone nindakake pidhato kuwi kudu ....
a. dakik- dakik 
b. nggawa tetembungan kang ora dimangerteni wong akeh 
c. gampang ditampa 
d. angel dipahami

No comments:

Post a Comment