9/10/2024

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi

Halo sahabat Ahzaa, kembali lagi di AhzaaNet...Pada tulisan ini kita akan lanjutkan belajar dalam menghadapi Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi.

Photo by Jonas Jacobsson on Unsplas

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi terdiri dari 20 soal pilihan ganda lengkap dengan kunci jawaban untuk memudahkan teman- teman dalam belajar.

Buat teman- teman yang ingin belajar per bab, dapat melihat pada tulisan sebelumnya untuk latihan soal bab 1 geguritan dan bab 2 cerita wayang. 


Bab 3 ini membahas tentang karangan tradhisi. Untuk lebih mendalami materi ini, teman- teman dapat berlatih melalui latihan soal berikut,

Berikut latihan soalnya, 

Selamat Belajar. 

Latihan Soal Asesmen Sumatif Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 1 Kurikulum Merdeka Bab 3 Karangan Tradisi 

1. Karangan ilmiah kang dikembangke adhedhasar aturan- aturan penulisan lan basa, kaya dene kahanan ing masyarakat saben dina, masalah disiplin ilmu tartamtu lan liya- liyane wigatine pamaos dinyatakake kanthi khusus iku diarani ....
a. teks sastra 
b. teks non sastra 
c. teks fiksi 
d. teks sastra lawas 


2. Karangan non ilmiah sing dikembangke kanthi bebas lan nduweni pesen dening pengarang marang pamaose diarani ....
a. teks sastra 
b. teks non-sastra 
c. teks drama 
d. teks dongeng 


3. Ing ngisor iki kalebu conto sastra lawas yaiku ....
a. hikayat 
b. prosa 
c. novel 
d. drama 


4. Ing ngisor iki kang kalebu conto sastra modern yaiku ....
a. dongeng 
b. pantun 
c. parikan 
d. prosa 


5. Jenis tulisan kang asale saka gagasan penyerat kang disampekake liwat tulisan diarani ....
a. jurnal 
b. esai 
c. biografi 
d. artikel 


6. Kumpulan sawetara saka artikel banjur digawe wujud buku diarani ....
a. artikel 
b. biografi 
c. esai 
d. jurnal 


7. Jenis tulisan prosa sing rembagan sedhela babagan masalah saka sudhut pandang penulis diarani ....
a. jurnal 
b. artikel 
c. esai 
d. biografi 


8. Jenise tulisan kang nyritakake narasi saka pahlawan utawa paraga kang gedhe pengaruhe ing masane kaya tokoh politik, ilmuwan, tokoh ekonomi, budaya iku diarani ....
a. jurnal 
b. artikel 
c. esai 
d. biografi 


9. Tradhisi ing kutha Semarang kang diwiwiti sakdurunge wulan pasa iku diarani .....
a. Tradhisi Sekaten 
b. Tradhisi Dugderan 
c. Tradisi Meugang
d. Tradisi Balimau 


10. Ing tradisi Meugang, masayarakat nyembelih kebo siji lan daginge dipangan nalika ngarepake pasa. Tradisi Meugang asale saka ....
a. Sumatra Barat 
b. Aceh 
c. Sumatra Utara 
d. Jawa Tengah 


11. Masyarakat Sumatra Barat mapag tekane wulan Ramadhan kanthi adus kramas kang nglambangake reresik awak sakdurunge wiwit nindakake pasa. Tradhisi iku diarani ....
a. Meugang 
b. Dugderan 
c. Sekaten 
d. Balimau 


12. Ing ngisor iki kalebu ciri - ciri karangan ilmiah, kajaba ....
a. ana aturan baku 
b. ana syarat- syarat khusus  ing nulis metode lan basa
c. isine ilmiah
d. ora kaiket dening aturan baku 


13. Karangan ditulis kanthi gaya sante nanging isine ilmiah. Karangan iku kalebu ....
a. karangan ilmiah 
b. karangan semi ilmiah 
c. karangan non-ilmiah 
d. karangan baku 


14. Karangan ditulis kanthi ora kaiket dening aturan kang baku lan bebas. Karangan iku kalebu jenis ....
a. karangan ilmiah 
b. karangan semi ilmiah 
c. karangan non- ilmiah 
d. karangan baku 


15. Dongeng fabel iku paragane ....
a. manungsa 
b. wit- witan 
c. kewan 
d. benda mati 


Artikel ing ngisor iki kanggo soal nomor 16 - 20
Sekaten minangka salah sawijining tradisi budaya Jawa sing diadani saben taun kanggo memperingati kelahiran Nabi Muhammad SAW. Tradisi iki biasane diayahi ing Keraton Yogyakarta lan Surakarta, lan nduweni makna spiritual lan budaya sing jero kanggo masyarakat Jawa.

Asal-usule Sekaten iki ora lepas saka upaya Wali Songo kanggo nyebarake agama Islam ing Jawa. Salah sawijining tokoh penting yaiku Sunan Kalijaga, sing nggandhengake musik gamelan karo syiar Islam. Gamelan kang dimainkan nalika Sekaten ngandhut simbol harmoni lan panggilan kanggo manungsa supaya nyedhak marang Gusti Allah.

Sekaten biasane diwiwiti karo upacara Miyos Gangsa, yaiku nalika gamelan Sekati (kaping loro, Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari) ditabuh ing pagelaran Keraton. Warga sing teka bisa nyumurupi swara gamelan lan ndedonga kanggo kesejahteraan lan berkah.

Salah sawijining acara sing paling ditunggu yaiku Grebeg Maulud, upacara arak-arakan gunungan saka Keraton sing disedekahake kanggo masyarakat. Gunungan iki nggambarake rasa syukur lan simbol panen sing melimpah. Warga percaya yen entuk bagean saka gunungan iki bakal nggawa berkah lan rejeki.

Tradisi Sekaten ora mung minangka upacara religius, nanging uga minangka perayaan budaya lan identitas Jawa, sing isih lestari nganti saiki.

16. Tradhisi Sekaten iku tradhisi kang dilaksanaake kanggo  ....
a. mengeti kelahiran bayi 
b. mengeti kelahiran Nabi Muhammad Saw 
c. ngresiki awak ngadepi wulan pasa 
d. ngadepi Idul Fitri 


17. Tradhisi Sekaten iku biasane diayahi ana ing ....
a. Kraton Surakarta lan Kraton Cirebon
b. Kraton Cirebon lan Kraton Yogyakarta
c. Kraton Cirebon lan Banten  
d. Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta 


18. Tradhisi Sekaten iku ora lepas saka tokoh wali sanga panyebar agama Islam ing tanah Jawa yaiku ....
a. Sunan Prawata 
b. Sultan Agung 
c. Sunan Kalijaga 
d. Raden Patah 


19. Upacara Miyos Gangsa ing Sekaten yaiku wiwitan tradhisi Sekaten. Upacara kui ditandai ....
a. arak- arakan gunungan saka kraton 
b. gamelan Sekati ditabuh 
c. pawai pusaka 
d. jamasan pusaka keraton 


20. Grebeg Maulud yaiku upacara arak- arakan gunungan saka keraton seing disedehakae kanggo masyaarakat. Gunungan iku nyimbolake ....
a. kemajuan zaman 
b. rasa syukur warga masyarakat lan simbol panen sing melimpah
c. kepatuhan karo raja 
d. kejujuran sikap warga 

No comments:

Post a Comment