5/13/2024

Latihan Soal Asesmen Harian/ Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 2 Materi Cerita Wayang Bima Bungkus

Hai sahabat Ahzaa, selamat datang kembali di AhzaaNet. Pada hari ini kita akan belajar untuk menghadapi Asesmen Penilaian Harian/ Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 4 MI Semester 2 Materi Cerita Wayang Bima Bungkus.

Gambar oleh Alp Cem dari Pixabay

Materi Cerita Rakyat Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 2 membahas tentang cerita wayang Bima Bungkus. 

Ada 15 soal yang terdiri atas 10 soal pilihan ganda dan 5 soal uraian. Semua soal sudah lengkap dengan jawabannya untuk memudahkan dalam belajar. 

Baik, langsung saja yaa, berikut latihan soalnya, 

Latihan Soal Asesmen Harian/ Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas 4 SD/ MI Semester 2 Materi Cerita Wayang Bima Bungkus

Bima Bungkus 

Crita Bima Bungkus kawiwitan saka duhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Prabu Pandhu land Dewi Kunthi nyandang duhkita amarga putra nomor loro kang aran Bima laire isih kabuntel kawah (ketuban). 
Sabanjure, Bangawan Abiyasa kapener eyange bayi, ngutus Pandhu lan Kunthi buwang bayi ana ing alas. Ing tenagh alas, bayi iku mau diparani gajah lanang, diidhak- idak, disundhang nganggo gadhing, dibanting nganggo tlale. Pungkasane, bungkus pecah. Bima metu wis dudu bocah, nanging wis dewasa. Gajah lanang banjur muni kaya manungso. Deweke ngaku jenenge Seno, kepingin dadi siji karo Bima. Bima sarujuk, gajahseno manjing ing sikile Bima. Mulane Bima uga diarani Brataseno. 
Diarani Brataseno amarga si Gajah seno semedi salawase ana ing ragane Bima. Kajaba iku, Bima titisane Batara Bayu. Mula kwit bayi, Bima wis duwe gaman sing landhepe ngungkuli ladhing. Gaman iku diarani kuku Pancanaka. Wusanane, Brotoseno dadi satriyo sekti mandraguna. Watake jujur, suci prasaja, lan tansah barasta angkara murka. 

1. Ibune Bima bungkus aran ....
a. Dewi Umayi 
b. Dewi Kunthi 
c. Dewi Umaran 
d. Dewi Laksmi


2. Nalika lair, Arya Seno wujude ....
a. keris 
b. gajah 
c. bungkus 
d. watu 


3. Bayi wujud nungkus mau diselehke ana ing ....
a. alas Jatingaleh 
b. tengahing segara 
c. alas Mandalasara 
d. alas Maespati 


4. Sing bias mecah bungkuse sang Bima Bungkus yaiku ....
a. Jatayu 
b. Naga 
c. Anoman 
d. Gajah Seno 


5. Kanggo eling- eling pambiyantune Gajah Seno, kang wis mecah bungkus, nom- noman iku dening prabu Dewanata diwenehi jeneng ....
a. Haryo Seno 
b. Jagal Birawa 
c. werkudara 
d. Arya Panegak 


6. Aku saiki manjing nyawi ing anggamu, jalaran kowe iku ya putra Bayu. Tembung manjing tegese ....
a. ngrasuk 
b. ilang 
c. mlayu 
d. sirna


7. Nalika lair, Bima kabuntel dening ....
a. daging 
b. kawah/ ketuban 
c. usus lan ari- ari 
d. kulit lan usus 


8. Diarani Brataseno si Gajah Seno semedi saklawase ing ragane Bima. Tembung semedi tegese .... (jawaban luwih saka siji)
a. dewe 
b. jagongan 
c. ndelok 
d. manjing 


9. Jeneng liyane Brataseno yaiku ....
a. Puntadewa 
b. Werkudara 
c. Arjuno 
d. Sadewa 


10. Bareng weruh kaya bal, Gajah Seno banjur ....
a. diidhak- idak, disundhang nganggo gadhing, dibanting nganggo tlale
b. ditinggal lungo 
c. diingeti saka kadohan
d. didelikake 


Wangsulan pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis 
1. Sebutna 4 tunggale Brata Seno!
2. Sebutna gamane Brataseno!
3. Apa alasane diarani Brataseno!
4. Sebutno 3 jeneng liyane Brotoseno!
5. Sebutna 3 watake Brataseno 

1. Puntadewa, Janaka, Nakulo lan Sadewa 
2. Kuku Pancanaka 
3. Sebab Si Gajah Seno semedi salawase ana ing ragane Bima 
4. Werkudara, Haryoseno, Arya Seno 
5. jujur, suci prasaja, lan tansah barasta angkara murka

No comments:

Post a Comment